Sabtu, 18 November 2017

Pawarta basa jawa lan perangane



Kelompok 1

Tugas Bahasa Daerah
X MIPA 3
Nama Anggota :
1.     Devika Ghina Arterina            (16)
2.     Erni Eris Setyawati                  (22)
3.     Nabilah Azzahra                      (32)
4.     Risma Febriani                        (35)
5.     Zenia Afifatus Soimah             (38)



SRIKANDI PAWARTA
No.
Perangan Adicara
Isine Adicara
Katrangan
1.
Pambuka

Assalamualaikum Wr. Wb.
Sugeng enjing pamireng. Panggih malih kaliyan kula wonten pawartos SRIKANDI PAWARTA ing radhio SMANSA PARE Jln. Pahlawan Kusuma Bangsa No. 41, Pare.
Enjing menika kula kaliyan mitra badhe ngaturaken pawartos babagan pendhidhikan, sosial, lelipur, olahraga, kaliyan politik.
Wonten acara pambuka SRIKANDI PAWARTA punika kapeng satunggal badhe diaturaken pawartos babagan pendhidhikan dening mitra kula Mbak Devika kula sumanggakaken.

08.20
2.
Pawaerta 1
Silva Rahayu Nggayuh NUN Paling Dhuwur ing Kabupaten Madiun
       Silvia Rahayu, siswi SMK PGRI Wonosari, Madiun, tahun iki nggayuh NUN paling dhuwur sa Kabupaten Madiun kanthi asil biji 371,9 . Dheweke bisa gawe ringkesan materi pelajaran sekolahane. Kanggonane Kepala Sekolah SMK PGRI Wonosari Bapak Drs. Saridin, Mpd. Suksese Silvia nduduhake menawa sekolah swasta bisa bersaing karo lembaga pendhidikan negeri. NUN kang digayuh dening Silvia ngungguli NUN-e sakehing siswa SMK negeri. Kan sasuwene iki nampa fasilitas kang jangkep saka pemerintah. Kanthi umum, NUN paling apik didominasi sekolah penyeleggara UNAS CBT alias online.
08.21
3.
Panggandheng
Kula aturaken panuwun dhateng Mbak Devika. Salajengipun pawartos badhe diaturaken kaliyan mitra ingkang ngaturaken babagan sosial. Mangga dumateng Mbak Erni.
08.22
4.
Pawarta 2
Polisi Andum Takjil Marang Penggawe Dalan
     Riyaya kurang seminggu winginane, lima polisi lan polwan andum-andum takjil marang wong ing dalan, pas ing prapatan lampu bangjo Grogol, Kediri. Polisi iki andum tugas, ana sing ngatur kelancarane embong gedhe lha sing polisi liyane ngandumke takjile. Takjil sing diandumne marang masyarakat iki cukup murah lan gelek ana ing warung-warung. Salah sijine takjil iku kolak. Masio amung panganan sepele, nanging ngentekake enem kresek gedhe.
       Nanging yo ora sithik sing kecelek, akeh wong ngira yen lagi ana cegatan, banjur muter balek motor lan mlayu banter. Padal, sing sakbenere polisi ngenekake kegiatan sosialisasi sing langsung terjun ing masyarakat.
08.23
5.
Panggandheng
Matur nuwun dumateng Mbak Erni. Pamireng, kula lanjutaken kapawartos kaping tiga babagan lelipur ingkang diaturaken dhumateng Mbak Nabilah.
08.24
6.
Pawarta 3
Pengetan Kamardikan Indonesia Nganakake Acara Karnaval
       Kutha Pare, Kedhiri, Jawa Timur. Pemerintah Kecamatan Pare nganakake karnaval jenjang SMP lan SMA. Kegiatan iki dianakake kanggo ngramekake utawa ngrayakake dina dadine Indonesia sing ka-69.
       Peserta karnaval yaiku bocah SMP lan SMA. Temane sekolahan beda-beda, ana sing temane lingkungan, daur ulang sampah, batik, wayang, kebudayaan Indonesia, lan sapanunggalane. Acara karnaval iki bisa dadi hiburan kanggo masyarakat lan bisa ngenalne kabudayaan Indonesia supaya ora ilang.
08.25
7.
Panggandheng
Pamireng, pawartos babagan lelipur menika cocok kaliyan kahananing Indonesia sapunika. Mliginipun wonten dinten Senin kala wingi.
Nggih pamireng, saklajengipun mitra kula badhe ngaturaken pawartos olahraga. Mangga dumateng Mbak Risma.
08.26
8.
Pawarta 4
Pindahe Silvia
       Londo-Arsenal tenan nguber gelandhang Real Madrid Lucas Silvia. The gunners siap nyaingi karo Manchester United gawe ngintokake lelakon bangsane Brazil iku. AS ngelaporne Arsenal ngarepake iso ndang ngrampungake pindahane Silvia. Pelatih Arsenal, Arsene Wenger ngebutuhake banget Silvia amarga isih kekurangn lelakon ing pepanggonan gelandhang tetep. Wayah iki Wenger mung iso ngandhalake Francis Coquelin ning posisi gelandhang tetep amarga Mathieu Flamini wis medhun tampilane.
       Silvia asline wis suwi diincer Arsenal. Januari Arsenal kalah saing karo Madrid ing keburuan lelakon umur 22 tahun iku. Silvia wis disiapake Madrid gawe goleki club anyar ing musim 2015-2016. Pelatih anyar Madrid Rafael Banielez gak terlalu mbutuhake tenagane Silvia bar Casemiro mulih teko pengampilan.
08.27
9.
Panggandheng
Matur nuwun dumateng Mbak Risma. Pawartos pungkasan ingkang babagan politik badhe diaturaken Mbak Zenia.
08.28
10.
Pawarta 5
Pemilu Bupati Kedhiri 2015 Diajab Kasil
       Tahun 2015 iki mangsa kerjane Bupati lan Wabub Kabupaten Kedhiri wis paripurna. KPU wilayah Kabupaten Kedhiri wiwit saiki wis nyepakake apa wae sing digawe ngelaksanakake pemilihan Bupati lan Wabub anyar. Saiki wis pirang-pirang tahapan sing wis dilakoni, tuladhane coklit jiwa pemilih kang dilaksanakake dening petugas PPDP (Petugas Pemutakhiran Data Pemilih) dusune dewe-dewe. Pilihan Bupati lan Wakil Bupati dilaksanakake tanggal 9 Desember 2015. Pemilu iki diajab iso lancar, kasil, uga bisa gawe masyarakat Kabupaten Kedhiri ayem, tentrem, lan iso urip mulya.
08.29
11.
Panutup
Matur nuwun Mbak Zenia.
Pamireng, mboten kraos wekdalipun kantun 5 menit. Kula kaliyan mitra badhe pamitan. Mugi-mugi pawartos kang mitra kula aturaken kathah guna kagem kita sedaya.
Panggih malih mbenjing enjing jam 8 ing adicara SRIKANDI PAWARTA wonten radhio SMANSA PARE.

Golek kebaya menyang Magetan
Mampir tuku slendang loro
Bilih kula wonten kalepatan
Kulo nyuwun pangapura.

Wassalamualaikum Wr. Wb.
08.30


Tidak ada komentar:

Posting Komentar